If you want to get further Bible Lessons or Health Tips, please contact me by email digitalibrary234@gmail.com, or chat with me at WA (+62) 878 5148 1137.

Sunday, September 2, 2018

Pranala Sinau Kitab Suci - Sunday, July 01 2018


Minggu, 1 Juli 2018

PULIHIPUN BANGSA ISRAEL

Wonten kalih warni nubuatan babagan Mesias ing Prajanjen Lami. Ingkang satunggal ngajengaken bilih Mesias punika badhe dados raja ingkang jumeneng salaminya, tuwin ingkang njangka bilihMesias badhe seda awit saking dosanipun para titah. Nubuatan kados makaten boten congkrah satunggal klawan satunggalipun. Namung tumuju dumateng kalih perangan ingkang reruntutan saking paladhosanipun sang Mesias; sepindah Piyambakipun badhe cintraka tuwin salajengipun jumemeng dados Raja.

Perkawis ing abad satunggal babagan pangajeng-ajeng karawuhaning Mesias Yahudi inggih karana namung adedasar dhumateng satunggal perangan kemawon. Pangajeng-ajeng dhumateng satunggaling MesiasRaja ingkang badhe ngasta pangentasan politik sampun nyuremaken pandulu babaganMesiasingkang badhe cintrakalan seda.

Ing kawitanipun, para murid pitados dhumateng pangajeng-ajeng MesiasRaja punika. Sadaya sami pitados bilih Yesus punika Mesias, tuwin sampun asring kapanggihan bilih sami congkrah babagan sinten ingkang bade lenggah njejeri bilih Yesusjumeneng nata. Sanadyan Yesus sampun ngemutaken babSeda-niPun, nanging sadaya boten saget uninga menapa ingkang dipun kersakaken. Pramila, nalika Yesus seda, sadaya sami bingungsaha kuciwa.Ing wicantenanipun para murid, “kawula rumiyin sami nggadangaken, bilih Piyambakipun ingkang rawuh kagem ngentas bangsa Israel” (Lukas 24:21).

Mangga dipun waos Lelakone Para Rasul 1:6, Punapa ingkang dados pitakenan babagan menapa ingkang para murid dereng uninga?Lelakone Para Rasul 1:7, Kados pundi Gusti Yesus paring wangsulan?

Manawi sedanipun Yesus nggambaraken satunggaling gebagan awrat kagem pangajeng-ajengipun para murid, wungunipun Yesusnggugah malih pangajeng-ajeng menika, mbombong pangajeng-ajeng politik mbok manawi ngantos tingkatan ingkang paling inggil. Kawistara limrah kagem ngawuningani bab wungunipun Gusti Yesus minangka satunggaling pitedah ingkang kiyat bilih kraton-iPun Mesias ing pungkasanipun bade dipun jumenengaken.

Ananging, anggenipun mangsuli pitakenanipun para murid, Gusti Yesus boten maringi wangsulan langsung. Piyambakipun boten nolak alesan ing sak wingkingipun pitakening para murid babagan kraton ingkang sampun caket, ananging Piyambakipun ugi boten nampi. Pyambakipun ngetogaken underan prakawis menika boten dipun rampungaken, sawetawis Piyambakipun ngemutaken para murid bilih wekdal kagem Gusti Allah makarya inggih namung kagungan-iPun Gusti Allah piyambak satemah boten saged dipun mangertosi manungsa.

Miturut Lukas 24:25, Menapa sayektosipun prekawis para murid? Kenging manapa gampil pitados dhumateng punapa ingkang kita pitadosi sanadyan congkrah dhumateng ingkang Kitab suci wucalaken? Kados pundi kita endha dhumateng jalamenika?

No comments:

Post a Comment

Popular Posts